Skip to main content

wakil sohibul hajjah temanten

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


A’udzubillahi minassyaitonirrojiim

Bismillahirrohmanirrohiim

Alhamdulillahirobbil ‘alamin


Assholatu wassalamu ‘ala sayyidina wahabibina wanabiyina Muhammad wa’ala alihi wasohbihi wasalim


amma ba’du


# Dumateng pangarsanipun Bp. Kyai --??-- ingkang kulo ta’dzimi

# Dumateng poro Bapak Kyai sanesipun ingkang mboten saged kulo sebat asmo karimipun setunggal mboko setunggal, poro pangarso agami ingkang kulo ta’dzimi

# Dumateng Sesepuh soho pinisepuh ingkang dahat kinabekten

# Dumateng poro pangarso Masyarakat, Bapak Kadus, Bapak RT, tokoh Masyarakat ingkang dahat kinormatan

# Dumateng poro pilenggah, tamu undangan, langkung-langkung pangmbyong temanten keluarga besar Bp --??-- ingkang saking tlatah --??-- ingkang dahat kinormatan

# Dumateng kadang-kadang kaneman ingkang kinasih

# Lan dumateng temanten kekalih ingkang berbahagia


Alhamdulillahi robbil ‘alamin, puji dalah kasyukuran sumonggo tansah kito aturaken dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan soho kani’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kito saged makempal muwajahah kanthi pinangih wilujeng tan manggihi alangan satunggal punopo wonten ing acara walimatul ‘urs nikahipun dimas NURUL ULA kalian nimas --??--


Sholawat salaam mugi tansah katetepaken dumateng junjungan kito nabi Agung Muhammad SAW ingkang mugi-mugi kanthi ngatahaken sholawat salaam kulo lan panjenengan sedoyo pikantuk kanugrahanipun Allah SWT lan pikanthuk syafa’atipun Rosulullah Muhammad SAW.


Sagung poro pilenggah ingkang dahat kinamulyan, nyuwun pangapunten kulo nyuwun ijin matur wonten ngarso panjenengan sedoyo minongko wakil saking sohibul hajjah inggih Bapak Kamali sak keluarga, mbok bilih Bapak Kamali mboten saged matur piyambak awit saking bingahipun penggalih nampi karawuhan panjenengan sedoyo, ugi saking raos haru nipun ingkang Alhamdulillah sampun nglaksanaaken kewajiban anggenipun anikahaken putro puttrinipun ingkang sampun kaakidnikahaken kolo dinten --??-- wonten ing --??-- ingkang sampun sah miderek toto agami lan negari .


# Sagung poro pilenggah ingkang dahat kinamulyan, bilih pamatur ingkang sepindah, Bapak Kamali sak keluarga ngaturaken Ahlan Wasahlan bi hudzurikum, ngaturaken maturwusun sanget atas rawuh panjenengan sedoyo langkung-langkung dumateng keluarga besar Bp. --??-- ingkang saking --??-- saklajengipun Bapak Kamali sa keluarga nyuwun pangapunten mbok bilih mboten saged manggihi utawi jabat astho setunggal mboko setunggalipun kanthi tartil, mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo dipun serat minongko amal silaturahiim ingkang dipun tampi Allah SWT


# ingkang saklajengipun, Bapak Kamali esthu nyuwun do’a restu dumateng panjenengan sedoyo anggenipun niat suci putro temanten kekalih nglaksanaaken sunnah Rosulullah inggih mbangun bale wismo ingkang mugi-mugi dipun ridhoi Allah SWT lan dados keluarga ingkang sakinah mawaddah warrohmah ingkang sakmangke dipun anugrahi putro ingkang soleh lan sholehah Aamiin.


# Pamatur saklajengipun inggih puniko Bapak Kamali ngaturaken Jazakumulloh Ahsanal Jaza, matursuwun tanpo upami dumateng sedoyo sanak kadang, tonggo tepalih ingkang sampun paring pambiantu awujud punopo kemawon, sahinggo acara puniko Alhamdulillah saged lumampah kanthi sae dumugi paripurno sak mangke insyaAllah.


Mekaten ingkang saged kulo aturaken minangkani pamaturipun Bapak Kamali sak keluarga, katah lepat lan tumpang suh anggen kulo matur kulo nyuwun pangapunten amargi tasih kirang wawasan anggenipun kulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo. Kanthi kulo akhiri


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.





Comments

Popular posts from this blog

Pranotocoro Temanten Zaenudin

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bismillahirrahmanirrahiim.. Alhamdulillahilladzi ahallannikaah wa harroma ‘alaina ssifaah.. Assholatu wassalamu ‘ala sayyidinaa muhammadibni ‘abdillaah wa’ala alihi wasohbihi waman tabi’ahu ila yaumil qiyaamah. Dumateng panjenenganipun Al Mukarom Bp. Kyai Safarudin  ingkang saking Bandongan Magelang ingkang kulo ta’dzimi.. Dumateng panjenenganipun Bp. Kyai Nurkholis , poro 'alim ulama ingkang mboten saged kulo sebat asmo karimipun setunggal mboko setunggal samudayanipun ingkang kulo takdzimi.. Panjenenganipun Bapak Kepala Desa Kebonrejo inggih Bapak Muhammad Sajidun ingkang kulo hormati.. Panjenenganipun Mantan Carik Desa Kebonrejo inggih Bapak Makmun ingkang kulo hormati.. Panjenenganipun Bapak Kepala Dusun Kemasan inggih Bapak Sholikun ingkang kulo hormati.. Sesepuh pinisepuh, poro pilenggah, hadirin wal hadirat sedoyo ingkang dipun rahmati Allah SWT.. Langkung-langkung pangombyong temanten putri ingkang saking tlatah Kelokan, Mbanj

Pranotocoro Temanten Miftahudin

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bismillahirrahmanirrahiim.. Alhamdulillahilladzi ahallannikaah wa harroma ‘alaina ssifaah.. Assholatu wassalamu ‘ala sayyidinaa muhammadibni ‘abdillaah wa’ala alihi wasohbihi waman tabi’ahu ila yaumil qiyaamah. Dumateng panjenenganipun Bp. Kyai Mudrikul Muna ingkang saking Tanggulboyo ingkang kulo ta’dzimi.. Panjenenganipun Bapak Kepala Dusun Kemasan (Bp. Sholikun) ingkang tansah kulo hormati.. Sesepuh pinisepuh, poro pilenggah, hadirin wal hadirat sedoyo ingkang dipun rahmati Allah SWT.. Langkung-langkung pangombyong temanten putri ingkang saking tlatah Mbringin Wetan, Kel. Mbringin, Kec. Srumbung ingkang tuhu kulo mulyaaken. Sakderengipun kulo matur punopo ingkang dados pamatur kulo sakmangke, langkung rumiyin kulo tansah muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan soho kanikmatan, sakperangan saking kanikmatanipun Allah inggih puniko, kulo dalah penjenengan sedoyo waget makempal wonten ing papan pa