Skip to main content

Pranotocoro Temanten Zaenudin

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bismillahirrahmanirrahiim..
Alhamdulillahilladzi ahallannikaah wa harroma ‘alaina ssifaah..
Assholatu wassalamu ‘ala sayyidinaa muhammadibni ‘abdillaah wa’ala alihi wasohbihi waman tabi’ahu ila yaumil qiyaamah.

Dumateng panjenenganipun Al Mukarom Bp. Kyai Safarudin  ingkang saking Bandongan Magelang ingkang kulo ta’dzimi..
Dumateng panjenenganipun Bp. Kyai Nurkholis, poro 'alim ulama ingkang mboten saged kulo sebat asmo karimipun setunggal mboko setunggal samudayanipun ingkang kulo takdzimi..
Panjenenganipun Bapak Kepala Desa Kebonrejo inggih Bapak Muhammad Sajidun ingkang kulo hormati..
Panjenenganipun Mantan Carik Desa Kebonrejo inggih Bapak Makmun ingkang kulo hormati..
Panjenenganipun Bapak Kepala Dusun Kemasan inggih Bapak Sholikun ingkang kulo hormati..
Sesepuh pinisepuh, poro pilenggah, hadirin wal hadirat sedoyo ingkang dipun rahmati Allah SWT..
Langkung-langkung pangombyong temanten putri ingkang saking tlatah Kelokan, Mbanjaretnp, Kajoran ingkang tuhu kulo mulyaaken.

Sakderengipun kulo matur punopo ingkang dados pamatur kulo sakmangke, langkung rumiyin kulo tansah muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan soho kanikmatan, sakperangan saking kanikmatanipun Allah inggih puniko, kulo dalah penjenengan sedoyo waget makempal wonten ing papan panggenan puniko, kanti niat ijabatutda’wah minongko pamundutipun Ibu Ayemah sak kaluargo saperlu ngestreni wontenipun walimatunnikah wonten ing saat siang puniko..
Pramilo kasukuran monggo kito lahiraken bil lisan kanthi maos tahmid sesarengan Alhamdulillahirobbil ‘alamin..
Sholawat soho salaam ipun Allah mugi katur kunjuk dumateng paduko Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang tansah kito tenggo safa’atipun wonten ing alam kelanggengan sak mangke..

Poro hadirin hadirat ingkang satuhu kulo mulyaaken, nyuwun pangapunten kawulo marak sowan wonten pangarsanipun panjenengan sedoyo aminangkani pamundutipun shohibul hajjah Ibu Ayemah sakperlu ndereaken lampahipun adicoro walimatunnikah nikahipun sederek dimas Zaenudin putro kakungipun Bp. Muhtarom Alm. soho Ibu Ayemah pikantuk Diajeng Siti Mahfudzoh Putrinipun Bapak Mutohar soho Ibu Tasmiyah ingkang saking Kelokan, Banjaretno, Kajoran ingkang akad nikahipun sampun kalaksanan kolo wau enjang tabuh 06:30 wekdal nuswantoro sisih kilen kanthi sah miderek agami lan Negari.

Kranten wekdal soho samukawis sampun nyekapi, pramilo adicoro enggal bade kawiwitan. Ananing sakderengipun keparengo langkung rumiyin kawulo aturaken minggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah sak mangke.

1
Ingkang sepisan pambuko
2
Katerasaken waosan ayat suci Al Qur’an
3
Katerasaken Atur Pambagyo Harjo
4
Katerasaken Lung Tinampen :
- Atur pasrah saking temanten putri
- Atur Panampi saking temanten kakung.
5
Istirohat utawi sumene
6
Mau’idatul Hasanah Bp. Safarudin
7
Do’a minongko Penutup

Mekaten menggah acoro ingkang bade kalampah sakmangke, kagem acoro ingkang sepisan inggih pambuko, monggo kito bukak sesarengan kanthi maos Al Fatihah
Kawulo dereaken liridoIllah walisyafa’ati Rosulillah wali kulli niatin solihah Alfatihah…
- - - - - - - - -
Mugi-mugi kanthhi maos Al Fatihah Sak wau mbekto berkah sahinggo adiwicoro wonten ing siang puniko saget lancar kanthi sae.

Acoro saklajengipun inggih waosan ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang bade kawaos dening sederek Bapak Sudjono, wekdal soho sasono sumonggo kulo aturaken…
- - - - - - - -
Allahumarhamni bil qur’an, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo pikantuk petunjuk, berkah lan syafa’atipun Al Qur’an. Allahumma Amiin..

Acoro ingkang saklajengipun inggih atur pambagyo harjo ingkang bade kaaturaken kalian sederek Bapak Makmun, wekdal soho sasono kito sumanggaaken..
- - - - - - - - -
Mekaten atur pambagyo harjo ingkang sampun dipun aturaken Bapak Basuki, dumateng panjenenganipun kulo aturaken gunging panuwun.

Acoro candakipun inggih Atur pasrah saking temanten putri ingkang bade kaaturaken sederek _____________________
- - - - - - - - -
mekaten atur saking Bapak ____________ minongko atur pasrah temanten putri, saklajengipun pamatur saking temanten kakung ingkang bade kaaturaken sederek Bapak Muhammad Sajidun, wekdal soho sasono kulo sumanggaaken.
- - - - - - - - -
Mekaten lung tinampen temanten ingkang nembe kemawon kaaturaken Bapak __________________ saking pihak temanten putri ingkang sampun katampi kalian Bapak Muhammad Sajidun minongko wakilipun saking temanten kakung.
Mugi-mugi Allah paring rahmat lan hidayah, sehinggo putro temanten kekalih saged mengarungi samudra bahtera keluarga ingkang sakinah mawaddah warahmah amiin.

Acoro saklajengipun inggih istirahat utawi sumene, dumateng poro mudo kulo sumanggaaken atur pasugatan dumateng poro pilenggah samudayanipun..
- - - - - - - -
Dumateng poro pilenggah sedoyo sumonggo ngaturi pasugatan soho unjukan ingkang sampun cumawis wonten ing pangarsanipun panjenengan sedoyo kanthi merdiko merdikaning penggalih, sumonggo…

Nyuwun pangapunten acoro kita lajengaken, dene acoro saklajengipun inggih puniko mau’idotul hasanah dipun terasaken do’a minonggko panutup ingkang sak mangke bade kaparingaken panjenenganipun Al Mukarrom Bp. Kyai Safarudin Saking Bandongan.

Sakderengipun wekdal kulo aturaken, saking kawulo minongko ndereaken adicoro walimatunnikah meniko, katah lepat soho kurang trapsilo anggen kawulo matur wonten pangarsanipun panjenengan sedoyo, kawulo tansah nyuwun agunging pangapunten. Kanthi kulo akhiri ihdinassirotol mustaqim sirotol anbiya wal mursalin summa ssalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh.

Wekdal soho sasono kulo aturaken.

ACARA :

1
Ingkang sepisan pambuko
2
Katerasaken waosan ayat suci Al Qur’an (Bp. Sudjono)
3
Katerasaken Atur Pambagyo Harjo (Bp. Makmun)
4
Katerasaken Lung Tinampen :
Atur pasrah saking temanten putri
Atur Panampi saking temanten kakung. (Bp Muhammad Sajidun)
5
Istirohat utawi sumene
6
Mau’idatul Hasanah (Bp. Safarudin)
7
Do’a minongko Penutup



Comments

Popular posts from this blog

wakil sohibul hajjah temanten

Assalamu’alaikum Wr. Wb. A’udzubillahi minassyaitonirrojiim Bismillahirrohmanirrohiim Alhamdulillahirobbil ‘alamin Assholatu wassalamu ‘ala sayyidina wahabibina wanabiyina Muhammad wa’ala alihi wasohbihi wasalim ‘ amma ba’du # Dumateng pangarsanipun Bp. Kyai --??-- ingkang kulo ta’dzimi # Dumateng poro Bapak Kyai sanesipun ingkang mboten saged kulo sebat asmo karimipun setunggal mboko setunggal, poro pangarso agami ingkang kulo ta’dzimi # Dumateng Sesepuh soho pinisepuh ingkang dahat kinabekten # Dumateng poro pangarso Masyarakat, Bapak Kadus, Bapak RT, tokoh Masyarakat ingkang dahat kinormatan # Dumateng poro pilenggah, tamu undangan, langkung-langkung pangmbyong temanten keluarga besar Bp --??-- ingkang saking tlatah --??-- ingkang dahat kinormatan # Dumateng kadang-kadang kaneman ingkang kinasih # Lan dumateng temanten kekalih ingkang berbahagia Alhamdulillahi robbil ‘alamin, puji dalah kasyukuran sumonggo tansah kito aturaken dumateng Allah SWT

Pranotocoro Temanten Miftahudin

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bismillahirrahmanirrahiim.. Alhamdulillahilladzi ahallannikaah wa harroma ‘alaina ssifaah.. Assholatu wassalamu ‘ala sayyidinaa muhammadibni ‘abdillaah wa’ala alihi wasohbihi waman tabi’ahu ila yaumil qiyaamah. Dumateng panjenenganipun Bp. Kyai Mudrikul Muna ingkang saking Tanggulboyo ingkang kulo ta’dzimi.. Panjenenganipun Bapak Kepala Dusun Kemasan (Bp. Sholikun) ingkang tansah kulo hormati.. Sesepuh pinisepuh, poro pilenggah, hadirin wal hadirat sedoyo ingkang dipun rahmati Allah SWT.. Langkung-langkung pangombyong temanten putri ingkang saking tlatah Mbringin Wetan, Kel. Mbringin, Kec. Srumbung ingkang tuhu kulo mulyaaken. Sakderengipun kulo matur punopo ingkang dados pamatur kulo sakmangke, langkung rumiyin kulo tansah muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karahmatan soho kanikmatan, sakperangan saking kanikmatanipun Allah inggih puniko, kulo dalah penjenengan sedoyo waget makempal wonten ing papan pa